Halaman

Rabu, 28 November 2012

Puisi Banyumasan "Biyung "


Yung,,,,

Awit cilik …
Aku di lela ledung …
Di didik kon supaya pinter

Disekolahna neng SD
Kon teyeng nulis, teyang maca
Siki aku wis pinter Yung,

Aku siki wis gede
Aku lulus Yung, …
Lulus………..
Aku saiki nagih janji
Aku pengin, ……….. banget sekolah
Jen pengin Yung.
Aku pengin ngrubah nasib
Ben aja kaya kiye-kiye bae uripe

Aku wegah dadi pembantu rumah tangga
Aku wegah nggendongi glondongan
Aku wegah dadi keboan, Yung
Apa rika pengin, ... .
Inyong uripe rekasa
Ora Kepengin mbok yung, ... .

Yung, .... Pa, ...... aku pengin.....
Banget sekolah.

Aku pengin Yung, kaya bocah-bocah liyane
Esuk-esuk wis rame pada mangkat sekolah
Numpak koperades,

Apa Rika ora melas karo inyong Yung, Pa ... .
Esuk-esuk kon ndekem bae neng umah
Bar kue kon mangkat njakarta
Balik kon nikahan, .....

Inyong ora pengin kaya kue Yung,....
Siki jamane wis beda, ….
Ora kaya rika mbiyen.

Yung, ......
Inyong pengin,....... banget sekolah.

Tidak ada komentar: